Asal Usul Desa Sawangan
Awit jaman rumiyin, madegipun satunggaling kadipaten
Galuh Pakuan ugi kelebet wilayah Kerajaan Padjajaran. Inggih menika sang
Adipati Galuh Pakuan ingkang naminipun Munding Wilis. Istrinipun Adipati
Munding Wilis saweg mbobot. Dumateng kang mas Adipati Munding Wilis nyuwun
bebono ulam kijang ingkang sukunipun petak.
Nalika semanten sang Adipati kesah teng wana kalian
prajurit mlebet wana. Saderengipun pikantuk buronan menika wonten salebetipun
padudusan perampok. Kepala perampok ingkang naminipun Abu Lawang. Rombongan
sang Adipati ingkang badhe berburu dipun tangkep, dipun tahan saking perampok.
Sesampunipun sangu ( nedhi, dhahar lan ngumbe) dipun sita dening perampok,
dipun wangsulake kondur mboten mbekta hasil buronan.
Lajeng, dipuntambani sebab sang istri sampun nglairaken
jabang bayi putra. Dumugi pinten dinten Kadipaten Galuh Pakuan dipun rampok
ingkang dipun pimpin Abu Lawang. Saisinipun Kadipaten dipun pundut, lintunipun
dipun bakar. Sang Adipati kaliyan garwanipun nylametaken pribadi mboten
kelingan putranipun ingkang nembe pinten dinten lahir, mboten dibekta
nylametaken diri. Lajeng dibekta mlajeng dening Abu Lawang. Adipati sanget
susah amarga kelangan putranipun ingkang dibekto mlajeng rampok. Abu Lawang
kaliyan garwanipun sanget seneng amarga mboten gadhah putra, pikantuk anak
saking rampokan. Inggih meniko putra saking Adipati Galuh Pakuan. Saking Abu
lawang anak meniko ingkang dipun namini Jaka Mruyung amarga kuda sang Adipati
dipun paringi nami Dawuk Mruyung.
Sesampunipun ageng dewasa, Jaka Mruyung mboten remen dateng
watekipun Abu Lawang ingkang kejem lan purun main judi. Jaka Mruyung kesah
nilaraken Abu Lawang kaliyan nitih kuda Dawuk Mruyung ke arah ngetan dumugi
dayah luhur. Jaka Mruyung mlebet griyanipun ki Mranggi.
Ki Mranggi tilas prajurit Majapahit. Teng mriku Jaka
Mruyung menimba ilmu utawa latihan nulis dateng Ki Mranggi kaliyan sinau ilmu
kemenangan, keprajuritan. (Saiki tempat meniko dipun paringi nami PANULISAN).
Sesampunipun sedoyo sampun cekap setunggaling dipun paringi petunjuk kesah ke
arah wetan mados wana Pakis Aji menawi dipun temukaken dipun babad badhe dados
kota.
Sesampunipun perjalanan, Jaka Mruyung kepanggih setunggal
tiyang pemuda naminipun Tlangkas. Miturut petunjuk Tlangkas wana Pakis Aji
sampun cekat, sebelah kidul Kadipaten Kertanegara. Sesampunipun dugi teng wana
Pakis Aji, lajeng nyuwun bantuan tiyang ingkang saweg damel tambak kangge
mbantu babad wana Pakis Aji. ( kangge kenangan, tempat tiyang saweg damel
tambak meniko dipun paringi nami TAMBAKAN).
Sesampun wana dipun babad kepering saking Adipati
Kertanegara ingkang asmanipun Adipati Nglangak, jengkel banjur prentah
pejabatipun supados dipun tangkep perusak lan pembakar wana Pakis Aji supados
dipun adili.
Adipati Kertanegara, Adipati Nglangak kagungan tiga
putri. Ingkang nomor setunggal asmanipun Dewi Pandansari, nomor kali Dewi
Pandanayu, lan nomor tiga Dewi Rantansari. Salaminipun dados tahanan, Jaka
Mruyung ngetingalaken sikap sopan santun, lajeng dipun bebasaken tumut
sayembara pemilihan senopati. Sedoyo calon senopati mboten wonten ingkang saged
ngalahaken Jaka Mruyung, sesampunipun dados senopati Jaka Mruyung dipun
nikahaken kaliyan putri Adipati
Kertanegara. Sesampunipun sang Adipati sampun sepuh kadipaten dipunpasrahaken
dhateng mantunipun Jaka Mruyung. Pusat pemerintah dipun pindah marang bekas
wana Pakis Aji dados Kadipaten Ajibarang.
Adi iparipun Jaka Mruyung, Dewi Rantansari purun nikah
kaliyan putra Adipati Pasir Luhur. Namung gagal amarga wonten ulah saking
Kentol Ireng ingkang iri amarga isin sang dewi nilaraken Kadipaten Ajibarang.
Menuju arah kidul, wonten lepen lajeng nyabrang kecebur banjur akhiripun bekal
meniko nasi ketan buyar ajur. ( kangge kenang-kenangan tempat meniko dipun
namini TAJUR). Lajeng kesah ke arah kidul munggah nginggil pagunungan dumugi
nginggil sesarengan kaliyan wektu sholat dhuhur sinambi mriksani ke arah wetan
tempat Kadipaten Pasir Luhur kangge pegunungan meniko dipun paringi nami PASIR
LUHUR. Lajeng nerusaken
perjalanan mriksani pemandanganipun ketingal indah nyenengaken kangge menghibur
Sang Dewi, (saiki tempat meniko dados dusun SAWANGAN). Ingih meniko dipun
pundut saking riwayat babad Ajibarang.
Sesampunipun Sang Dewi nglajengaken perjalanan mlebet
wana mboten purun wangsul malih. Lajeng marang wana dumugi ngingggil
pagunungan, teng mriku sang putri lajeng ical kaliyan jasadipun (tempat meniko
dipun namini Gunung Jaka/Gunung Putri).
Dipun tulis dipun ceritaken ki Ageng Kuruh seri babad
Ajibarang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar